Sesorah Basa Jawa
Anton G.M PPBII No. 4
Bahayaning Rokok
Sih rahmatipun Gusti ingkang Mahakuwaos wonten ing kita sedhaya.
Para kanca kang dak tresnani,
Puji syokur kagem Gusti Kang Maha Kuwaos dene kita kabeh isih diparingi wilujeng, kaarasan, lan karahayon dene kita saged ngempal ing kelas punika. Kaparenga ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken sesorah bab bahayanipun rokok. Murih raket supeketing kekadangan, kula badhe ngginakaken basa ngoko.
Jaman saya edan, yen ora edan ora keduman. Anak padha mbalela marang wong tuwa, nggugu karepe dhewe, lan akeh kang padha nyimpang aturan. Alesane pengin nyoba-nyoba ben diarani gaul. Marga yen ora gaul bakal dilokke cemen utawa banci.
Masalah kang nedheng-nedhenge ing wektu iki yaiku meh saben bocah nyoba-nyoba ngrokok. Ing sapinggiring dalan para siswa SMA,SMP, malah SD wis padha nyoba ngrokok. Bocah-bocah sing dirasa mung senenge . Nanging ora ngerti apa akibate, kamangka rokok iku bisa nimbulake maneka warna penyakit. Contone : penyakit paru-paru, jantung, apameneh kanker.
Bebayane rokok kuwi kanggo awake dhewe lan wong liya. Apa wae ta bebayane rokok kuwi?
1. Rokok ngemu 4000 bahan kimia, 200 ngemu racun, lan 43-ne maneh bisa nuwuhake kanker.
2. Dene perokok pasif ya entuk akibate. Kebul saka perokok aktif ngemu telung tikel bahan kang bisa nuwuhake penyakit kanker lan 50 tikel bahan kang bisa nuwuhake penyakit mata lan pernapasan.
3. Wong kang nyoba ngrokok, biasane angel banget ninggalake rokok. Sebabe rokok nduwe sifat candu kang marai ketagihan. Perokok kang wis nggathok pilih ora mangan katimbang ora ngrokok.
4. Rokok kuwi regane larang, kamangka kudu ana sawayah-wayah. Iku bisa gawe sengsarane urip kanggo wong sing ra nduwe. Trus bisa mbacut menyang tindak kriminal.coba bayangna sedina ngentekke rokok sak pak sing regane 7000 rupiah. Kamangka yen dilumpukke setahun bisa nglumpuk dhuwit gedhene 2.555.000 rupiah! Dhuwit kuwi bisa kanggo tuku wedhus telu.
5. Biasane wong sing wis kecanduan rokok pengin ngejak kancane supaya kancane melu sengsara amarga rokok. Kaya ngono kuwi wi kalebu dosa.
Para kancaku sekalian,
Kesimpulane ya rokok kuwi ora becik kanggo awake dhewe lan wong liya. Mula bareng ngerti bahayane rokok kang bisa ngrusak kesehatan awake dhewe para generasi enom aja padha nyedhaki rokok.
Cukup semene wae wawasan bab rokok sing tak sampekake muga-muga bisa migunani tumrap awake dhewe kanbeh utamane para generasi enom. Umpami wonten salah kula nyuwun pangapunten.
Posted by
Anton.G.Mahendra
2 comments:
eh, q nyontek sesorah km ya...
dpt tgs dri gru nich... brhbung q nda bsa b.jwa jd nyntek km z y....
Chordlicious adalah website yang berisi chord lagu indonesia, dangdut, dan barat. Cari lirik dan chord lagu original, terbaru, terlengkap, paling update, dan paling mudah disini sekarang juga.
https://chordlicious.com
Post a Comment